Lega rasane sakwise aku nulis babagan critaku nyambut gawe. Minggu wingi rasane atiku anyel nesu misuh – misuh, nanging arep nesu karo sapa? Ora ngerti.
Amarga rasane minggu wingi aku kaya uwong lagi mangan sate enak banget trus ana kanca teka njaluk sate sithik, bareng tak wenehi sate ku separo trus ngandani “ kayane untumu ra kuat dienggo mangan sate kui” Yowis takwenehke kabeh tak golek sate sing luwih empuk. Nanging bareng mubeng – mubeng ora ono sate anane tempe gembus. Sateku mau takjaluk meneh ora iso, marai aku dadi anyel banget.
Nanging saiki wis lega amarga wis taktulis neng blog iki crita mau. Sesuk mangkat kerja meneh karo ngenteni diseneni kepala bagianku meneh…he.. he…
I love your article.. keep writing my friend’s.. have a nice day… 04:14