WordPress 3.0 basa jawa wis cumawis

Akhire nerjemahke WordPress 3.0 neng basa jawa rampung.

Nerjemahke WordPress 3.0 neng basa jawa iki rampunge rada suwe amarga ndelalah layar monitor ku sulaya dadine marai rada suwe lan isih akeh tembung sing salah tulis . Ya nyuwun ngapunten wae.

Nanging WordPress versi 3.0 iki rada akeh bedane karo versi sakdurunge.

Neng WordPress 3.0 kabeh pranala diterangne kagunaane iki isa ditonton neng neng tab help utawa rewang neng nduwur sisih tengen.

Ana meneh menus gawaen dhewe menawa neng versi basa jawa Racikan gawean dhewe. Racikan gawean dhewe iki gunane menawa sampeyan pengin gawe widget gawean dhewe sing ngatonke pranala neng kategori situs, kaca utawa tag saka blog sampeyan, uga isa gawe ros navigasi dhewe neng nduwure blog sampeyan.

Tema standar WordPress saiki ya ganti dadi tema twenty ten. Kaya tema sing tak enggo neng blog iki. Tema standar iki isa diganti ndase kacane lan latar mburine.

Perkakas Impor saiki kudu di pasang dhewe ora kaya neng versi sakdurunge. Dadi perkakas impor saiki kaya plugin sing kudu dipasangne dhewe.

Akeh banget keunggulane WordPress 3.0 monggo diunduh wae neng kene. http://jv.wordpress.org/releases/#latest

Menawa pengin ngunduh berkas Mo lan Po ne neng repositori WordPress iki wae http://svn.automattic.com/wordpress-i18n/jv_ID/tags/3.0/messages/

Menawa berkas Mo lan Po kanggo tema twenty ten neng repositori neng kene  http://svn.automattic.com/wordpress-i18n/jv_ID/tags/3.0/messages/twentyten/

Monggo diunduh WordPress 3.0 basa jawa iki lan Wilujeng Ngeblog

Maturnuwun

Entri iki dijedulne nenggon WordPress Basa Jawa lan tag , . Paringi Tanda marka buku permalink iki.

Balesan Siji neng WordPress 3.0 basa jawa wis cumawis

  1. wah, bahsa jawa. meningkatkan budaya dalam blog kita. salut dah buat wordpress. hehehehe. perlu di coba Ulum

Maringi Balesan

Alamat email sampeyan ora dijedulne utawa dikatonke. Ros sing kudu diisi ana tandane *

*

Sampeyan dikeparengake nganggo tag lan atribut HTML: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>