cara ngganti basa blog WordPress standar dadi blog WordPress Basa Jawa

Wingi ono sing takon karo aku carane ngganti basane WordPress. Soko Word Press standard (basa Inggris) dadi basa jawa.

Iki carane ngganti basane blog WordPress standard Panjenengan dadi WordPress basa jawa.

  1. unduhen sik file WordPress basa jawa neng kene  http://svn.automattic.com/wordpress-i18n/jv_ID/tags/ utawa neng kene 2.8.5, 2.9, 2.9.1 (pilihen sik blogmu nganggo versi WordPress sing endi)
  2. Unggahno neng folder /wp-content/language/ (menawa durung ono folder languages digawe wae)
  3. Owahono utawa dandanono berkas wp-config panjenengan
  4. Goleki tembung  define (‘WPLANG’, ”); gantinen dadi define (‘WPLANG’, ‘jv_ID’); simpen owahan berkas wp-config Panjenengan.
  5. Mlebu log meneh saiki wordpress panjenengan wis dadi basa jawa.
  6. Prayogine sakdurunge ngganti basa serepno dhisik (back up) database panjenengan mbok menawa ono sing sulaya

Moga moga kasil anggonmu ngganti basane blog dadi basa jawa.

Saktenane menawa Panjenengan nganggo mesin blog basa jawa sing katon ono njobo ora ketok menawa mesine nganggo WordPress basa jawa.

Kaya blog iki mesine nganggo basa jawa nanging sing katon ora ketok menawa nganggo WordPress basa jawa.

Posted in basa jawa | 32 Comments

Gajiku rung dibayar anyel tenan

rasane anyel,konyol,misuh misuh lan liyo liyane….
Gajiku rung dibayar kamongko janjine saben tanggal 28 arep dibayar. Tur karyawan liyane wis digaji kamangka mau awan wis taktakonke.

Nglali po piye BUOSSS…….

Saktenane aku yo lagi sesasi kerja neng perusahaan kui. Nanging menawa cara kerjane ngene yo marahi anyel.

Karepe Juragane dadekke aku karyawan supoyo iso nggawe sistem Informasi Akuntansi sing penak dienggo. Nanging karyawane wis kebacut kulino nganggo kebiasaan lawas dadine angel tenan. Wis biasa njaluk opo-opo lesan ora ditulis dadine menawa njaluk duit utawa barang dikongkon nulis rumangsane diangel-angel.

Wis mumet ndase diarane ora nggawe owahan opo-opo kamongko saktenane perusahaane kui sing angel didandani.

Anyel…tenan…

Posted in basa jawa, my story | Tagged | 11 Comments

Javanese WordPress still not yet displayed at WordPress.org page

Actually I am very jealous with Indonesian WordPress  and Sundanese WordPress  because they always come up in the front page from word press when I open WordPress.org page. I am ever asking through wp-polyglots to make Javanese WordPress also displayed to like Sudanese and Indonesian but its look like not yet can displayed there.

May be Javanese word press still not yet enter requirements to become appear in the front page of WordPress.org.

But I am sure some day the Javanese WordPress will also display at front page WordPress.org.

Therefore I hope there are many suggestions to make Javanese WordPress better.

WordPress is also available in Bahasa Indonesia and Basa Sunda This word will always appear when you open http://wordpress.org still there is no basa jawa in that word.

Posted in basa jawa, wordpress | Tagged | 7 Comments

Facebook basa jawa

Facebook basa jawa

facebook basa jawa

Translating facebook into Javanese languages is still in process. You can join by click here http://www.facebook.com/translations/index.php?app=1&aloc=jv_ID.

Nerjemahke Facebook neng basa jawa saiki lagi digawe. Panjenengan iso melu nerjemahke kanthi ngeklik iki http://www.facebook.com/translations/index.php?app=1&aloc=jv_ID.

Posted in basa jawa, internet | Tagged | 15 Comments

Donation is something easy

Nyumbang lan maringi sedekah kui gampang menawa Panjenengan nduwe duit lan sugih. Nanging nyumbang lan maringi sedekah wayah Panjenengan ra nduwe duit yo kui lagi babagan sing angel.

Bayangno ono kenalan Panjenengan arep njilih duit wayah Panjenengan ora nduwe gawean tetep lan namung nduwe duit sing namung cukup dienggo tuku mangan sesuk esuk. Nanging kenalan Panjenengan kui luwih mlarat katimbang panjenengan dewekke njilih duit dienggo tuku mangan kanggo bojone lan anake wayah kuwi. Opo sing arep panjenengan tindakne? Opo are njilihi duit opo nyimpen duit kuwi amarga anak lan bojomu mbutuhke kanggo tuku mangan sesuk esuk.

Amarga kaya mangkono nyumbang wayah awakke dhewe nduwe duit lan nyambut gawe kudune babagan sing gampang.

Helping people and give donation when we have money and rich are something easy.  But helping people and give donation when we have no money are something very difficult.

Imagine if there is our acquaintance comes asking for loan money when we don’t have permanent job and only have money which only enough for buying something to eat tomorrow morning. But our acquaintance is poorer from us he borrows money for buying something to eat for his family at that moment. What will you do? Do you lend your money or save your money because your wife and your child will need it to buy food tomorrow morning.

Therefore giving donation when we are rich and has permanent job should be something easy.

Posted in home | Tagged , | 22 Comments


  •  Subscribe in a reader


    get update of this blog delivered by email:

    Delivered by FeedBurner

  • RSS Mova Nugraha Ardi RSS

    • wordpress 2.9.2 basa jawa
      Saiki wis ono WordPress versi 2.9.2 Iki file Mo lan Po soko wordpress 2.9.2 basa jawa jv_ID 2.9.2 jv_ID 2.9.2.mo Version: 2.9.2 View post mo file jv_ID 2.9.2 Author:mova nugraha ardi [...] […]
    • WordPress is also available in Bahasa Indonesia, Basa Sunda and Basa Jawa.
      Aku wis tau nulis lan sambat neng blog iki babagan WordPress basa jawa durung katon neng kaca ngarepan soko wordpress.org. Nanging dina iki mau aku mbukak kaca wordpress.org saiki wis ono tulisan WordPress is also available in Bahasa Indonesia, Basa Sunda and Basa Jawa. Aku seneng tenan saiki WordPress basa jawa wis iso katon neng [...] […]
    • what is desiccant
      A desiccant is a hygroscopic substance that induces or sustains a state of dryness (desiccation) in its local vicinity in a moderately well-sealed container. Commonly encountered pre-packaged desiccants are solids, and work through absorption or adsorption of water, or a combination of the two. Desiccants for specialized purposes may be in forms other than s […]
    • google pagerank ku mudun
      Ketoke google  pagerank soko blog iki mudun. Soko pagerank 3 dadi pagerank 1. Mbok menawa amarga aku saiki luwih kerep nulis nganggo basa jawa dadine pagerank blog iki dadi mudun. Yo wis ben mudun yo ora popo sing penting aku seneng wis iso nulis nganggo basa jawa lan iso nggawe wordpress basa jawa. Sakkarepmu mbah google aku wis [...] […]
    • surprised that this blog is enter top 100 Indonesian blogs
      After register this blog in Indonesia Matters obviously this blog gets ranking number 43. I am very surprised that this blog is enter top 100 Indonesian blogs. […]