Wingi ono sing takon karo aku carane ngganti basane WordPress. Soko Word Press standard (basa Inggris) dadi basa jawa.
Iki carane ngganti basane blog WordPress standard Panjenengan dadi WordPress basa jawa.
- unduhen sik file WordPress basa jawa neng kene http://svn.automattic.com/wordpress-i18n/jv_ID/tags/ utawa neng kene 2.8.5, 2.9, 2.9.1 (pilihen sik blogmu nganggo versi WordPress sing endi)
- Unggahno neng folder /wp-content/language/ (menawa durung ono folder languages digawe wae)
- Owahono utawa dandanono berkas wp-config panjenengan
- Goleki tembung define (‘WPLANG’, ”); gantinen dadi define (‘WPLANG’, ‘jv_ID’); simpen owahan berkas wp-config Panjenengan.
- Mlebu log meneh saiki wordpress panjenengan wis dadi basa jawa.
- Prayogine sakdurunge ngganti basa serepno dhisik (back up) database panjenengan mbok menawa ono sing sulaya
Moga moga kasil anggonmu ngganti basane blog dadi basa jawa.
Saktenane menawa Panjenengan nganggo mesin blog basa jawa sing katon ono njobo ora ketok menawa mesine nganggo WordPress basa jawa.
Kaya blog iki mesine nganggo basa jawa nanging sing katon ora ketok menawa nganggo WordPress basa jawa.



surprised that this blog is enter top 100 Indonesian blogs
After register this blog in Indonesia Matters obviously this blog gets ranking number 43.
I am very surprised that this blog is enter top 100 Indonesian blogs.